© Copyright 2014 Duta Glory Community | Irwan Wicaksono | 085728802936 Psikologi Dan Bisnis - All Rights Reserved - http://www.dni.co.id

ROH SUCI

ROH SUCI

Duk Semono nalika jenengsira aneng telenging telaga Tanjung

    Apa kang ana : Telenging Samodra Roh Suci
    Roh Suci sapa kang kagungan
        Kagungane Gusti Ingkang Maha Suci
        Siji loro mulung
        Telung sasi rupa
        Patang sasi osik
        Limang sasi malik
        Enem sasi ngetang
        Pitung sasi gya ngayun
        Wolung sai ngetang
        Sangang sasi gya mijil



Lamun arso mijil ana loro margane
    Kang siji metu margo ino
    Kang siji datan metu margo ino
    Kang metu, margo ino roh suci kang dadi manungso.
    Iku kena Pati
    Kang datan metu margo ino,
    Ratu jalu klawan estri
    Lamun jabang bayi arso Mijil
    Sapa kang Mijil rumuhun
    Kang mijil rumuhun kawah
   
Kawah jejuluk : SASTRAJENDRA
    Peparap mami
    Sak wusnya Sastrajendra aneng njaba
    Gya mangguwuh-uwuh kadange anom
    ,,Heh yayi kang lagi aneng guwa garbane ibu”
    Pangudasmarane Sastrajendra :
    Yayi jengsira aglis mijil
    kadan ira tuwa wus aneng njaba
    Aneng njaba ana warna-warna kang endah tur edi-edi
   Sanalika jabang bayi arso metu, pun ibu krasa uwat
    Sanalika jabang bayi Mijil, Mijilnya jabang bayi
    tetangisan amargo rumongso den apusi
    Krungu sworo kang gumluduk naging tapo ana.
    Ono ing pundi papan pandunungngipun
    sinusulan mring kadange anom, ari-ari
    laku ing wuri HAYUNINGRAT kekasihipun,
    sakwusnya HAYUNINGRAT medalo sigro amrepeki kadange  tuwo

    jabang bayi kang nembe lahir
    katone wujud HAYUNINGRAT, wekdal
    semono pangudas maraniro sarwo arih.
    Kakang-kakang jeneng siro wis
    menengo, ojo jeneng siro nagis,
    HAYUNINGRAT kadangmu kang prapto
    ing ngrsaniro.
    Kadangiro HAYUNINGRAT kang ngembani.
    Jabang bayi sanalika nendra
    Hayuningrt sanalika ngupadi kadang tuwa
    pambarebipun kang peparap
    Sastrjendra.

    Ana ing ngendi pandununge, kadang
            anom arso ketemu.
    Endi ta marganiro ngupaya bisanya
    ketemu

    Sanalika hayuningrat uro-uro :
        ,,Kakang-kang Sastrajendra, kadangira
        anom arsa ngupadi ana ing ngendi
                papan pandunungira
        Kadangira Hayunungrat arsa
        matur kadya pundi pawartanipun
        kadangiro anom arso mangerti”.

    Wangsulane Sastrajendra :
        ,,Ya bener, kadang Ingsun
        Hayuningrat jeneng siro yekti
        kadang Ingsun Mara yayi majuwa
        den gupuh ana ngarsanipun kakang
        Mula jenengsira den aglis matura,
        pun kakang mangerti”
    Welingipun Sastrajendra :
        ,,Eling den eling
            Lamun eling sun elingi
                lamun lai sun banda”.

    Hayuningrat matur :
        ,,Lamun lupt nyuwun pangaksama”.

    Wangsulane Satrajendra :
        ,,Paweling Ingsun kuwi kanggo adege
        bener,
        Kadang luput yo luput
        Kadang bener yo bener”.






1 komentar:

kang awakmu,po tau meguru.kunci.patrapsingkir.mijil....

Reply

Posting Komentar