© Copyright 2014 Duta Glory Community | Irwan Wicaksono | 085728802936 Psikologi Dan Bisnis - All Rights Reserved - http://www.dni.co.id

SABDO DAWUH PANGANDHIKA ; KANJENG ROMO GUSTI PRABU HERUCOKRO



Sumber dari tape rekaman pada bulan Agustus, 1962 di Jakarta.


Yekti kono bisa ambengkas karyane kabeh
Mulo jenengsira ojo was sumelang. Sanandyan ono rubedo kang kadyo paran,  jenengsiro ojo melu cawe-cawe. Amung jenengsiro manut.

Amargo panalangsane poro putro, sanadyan panalangsane poncodriyo, amung gawe kanyuting sampurno sejati-sejatining sampurno.
Iku ora ono ing poncodriyo. ONO ING ROSO JATI ! roso jati iku RASANING URIP SEJATI ! mulo jenengsiro ojo was sumelang yen jenengsiro nandang nalongso. Panalangsane poncodriyo.

Amarga ing kono banjur nalongso amargo kekurangan, amargo nandang loro lan liya-liyane. Iki mung tumraping poncodriyo. Mulo angen-angen bloko!.

Mulo jenengsiro ojo podo was sumelang. Amargo ananing Panjenenganingsun ing tembe arso MIJIL KANG SEJATI. Amargo bakal angesti kang tumindak angkoro murko!. Tumeko ing jenengsiro kudu wani nalongso, nalangsane poncodriyo, teges nalangsane angen-angen.
Nalangsane angen-angen ing kono nuwuhake renaning roso jati. Yoiku URIP SEJATI-SEJATINING URIP. TENTREM!


Mulo jenengsiro arso ingsun andari murih jenengsiro biso antep ing roso jati. Ora ono loro telu sak jagad-indenging royo kajobo amung siji kang kagungan purbo-wasesaning kabeh, kang amengkoni saklumahing bumi kureping langit, kajobo yo mung urip kang kagungan purbo-waseso.

mulo jenengsiro OJO BANJUR KLIRUPANEMBAHAN KANG BENER. Bener-benering bener amung URIP, ORA ONO LIYO!. Mulo jenengsiro rino klawan wengi amung amemundi URIP.

Mulo jenengsiro sun dawuhi ; ARSO NGASO NENDRO, KUNCI ! KUNCI yekti kang kagungan purbo-waseso, amargo MOHO SUCI. Moho suci iku SEJATINING URIP, URIP KANG ALANGGENG. Mulo sampurno jati-jatining sampurno iku KUDU MIJIL. Mijil iku teges ; MIJI  AMIJENI. Yo mung SIJI-SIJINING-SIJI amung SIJI.

Iku URIPSEJATI-SEJATINING URIP. URIP KANG LANGGENG! Mulo ing kono jenengsiro MANUNGGAL! Teges jenengsiro isih kagungan ROGO JATI. Mulo jenegsiro ing kono ; URIP MANUNGGAL ING ROGO-ROGO MANUNGGAL ING URIP.
Mulo kinaryo laku, lakune jenengsiro ; PANGOLAH PANGRENGGO. Pangolah pangrenggane jenengsiro ingsun dawuhi ; YEN ARSO TUMIDAK, MIJIL! Mijile jeneng siro teges ; jengsiro ing kono AMEMITONO rino klawan wengi, kanjeng Ramaniro kang arso MIJIL, kang bakal angentasi kahanan kang peteng. Petenging kahanan amargo soko tumindak angkoro murko.

Ing kono bakal anggawe rusak, rusake rasa jati, amargo ANGKARA MURKANE. Angkoro murko sirno layu. Sirnane angkoro murko, yen tumindake manungso amung TURU!. Ananing JATI yoiku SIRNO LAYU. Mulo ono ing kono tembung ‘ SIRNO’ loro ;

SIRNO MATI lan SIRNO JATI.
SIRNO MATI ; ateges amung SIRNANING PONCODRIYO
SIRNO JATI ; yo RAGANE SING LEBUR ALULUH

Ing kono ELING DEN ELING. Mulo anane manugso kagungan kasampurnan, tegese BISO MIJIL ! yen lamun biso mijilake, iku KASAMPURNAN JATI-JATINING SAMPURNO ! amargo mengkene ; JENENGSIRO INGSUN LAIRAKE, mulo ; JENENGSIRO UGO NGLAIRAKE INGSUN.

ELINGO ! URIP iku amung SIJI. Liput-linimputan. Gulet-ginuletan. Mulo lamun jenengsiro datan biso mijil, yekti ingkono jenengsiro datan biso mijilake!
Mulo sejatinig SUCI iku SUCINING-ASUCI, yo mung URIP!.

Mulo jenengsiro OJO NGANTI NGLIRWAKAKE kang ingsun dawuhake tumrap marang jenengsiro. ELINGO!. Manungso ingkono DATAN ELING YEN MANUNGSO IKU ASALE SOKO DENING ROH SUCI. Ingkono banjur tumindak SAKWENANG-WENANG nindaake kamurkane.

Daksiyo marang sak podo-podo. Ingkono banjur MBEDAK-BEDAKAKE. Iku mung laku. LAKUNE ANGEN-ANGEN, kang tumuwuh ing BUDI PEKERTI. Budi pekerti kang tumuwuh ono ing PONCODRIYO. Poncodriyo,  sikepe wae ONO ING PANGGONAN MOSAK MASIK.  Mula banjur mbedak-bedakake. Kinaryo agawe RUSAKE KATENTREMAN JATI, yo SAMPURNO JATI. Mulo tumraping kasampurna jati-jatining sampurno, OJO KERUT TUMRAMPING PONCODRIYO.

Sanadyan meneng, menenging rogo, ananging gelaring roso amempaki, kang ngideri jagade manungso. Sanadyan OBAH RAGANE MONTANG-MANTING, TETEP OBAH RASANING URIP!

MULO JENENGSIRO OJO WAS SUMELANG. Yekti ora sasar anggoniromijil sowan ono ngarsane Panjenenganingsun, yo KANJENG ROMO GUSTI PRABU HERUCOKRO, ingkang nyoto ing tembe bakal mijil, ora antoro suwe!.

Mulo jnengsiro OJOWAS SUMELANG!  Amargo lamunpanjenenganingsun durung mijil  kang sejati, sopo kang mijilake pamjenenganingsun? Mulo pananlangsane jenengsiro, panjerite jenengsiro, ingsung kang kang bakal banjur mijil, kang mbengkas karyane kabeh kang tumindak angkoro murko LEBUR LULUH TANPO DADI ! mulo manungso kang murang toto, INGSUNG SIPATI GARUDOCOKRO, LEBUR TANPO DADI!

Opo kang diarani GARUDOCOKRO? KANG KAGUNGAN PURBO-WASESO JATI. Yo URIP SEJATI-SEJATINING URIP- SEJATI kang kagungan.

Mulo ojo was sumelang. Sanadyan jenengsiro den idak-idak, den gebugi, MENENGO! Amung SAMBATO ROSO. Ojo sambat angen-angen. Sambato roso, jenengsiro amung  NYUT. Nyut ing roso, yekti panjenenganingsun dumrojog tanpo larapan soko SUNYORURI yo ROSO SEJATI SEJATINEROSO kang ono ing ‘KENE’! mulo jenengsiro ojo was sumelang!

rahayu, rahayu, rahayu untuk para puto ROMO di seluruh nussantara.

Posting Komentar