© Copyright 2014 Duta Glory Community | Irwan Wicaksono | 085728802936 Psikologi Dan Bisnis - All Rights Reserved - http://www.dni.co.id

Mustikaning RASA

Mustika mustikaning rasa
URIP sejatining URIP
kang mahanani gelar gulung
Kang gumelar aneng ngalam donya
Kang bisa mumpuni rasa sedarum
Iku gemblenging Rasa
Mumpuni rasa sekalir

Purwaning dumadine manungsa
Tan liya saka dening Roh Suci
kang sinabda tumurun
Gumelar aneng alam donya
Kang srawa tuwuh manuwuh
Dedalane Manunggal
Kinantenan sarwo mijil

Gelar gumelare manungsa
Saka dening manunggaling rasa sejati
Manunggaling rama klawan ibu
sakarone pada rebut rasa
Rangkul rinangkul datan pada uwal
Uwalira lamun wis mijil


Mula sakabehing para manungsa
Elinga purwaning dumadi
Sun jarwani marganipun
Nalika jenengsira kinandut mring ibunira
Ibunira rina klawan dalu
Tan kendat anggone meminta mring sihin Gustine
Pamintanipun ibunira murih widada lan dadi
Tulusing kang kinandut
sangang warsa nandang sangsara
mbenjang miyos wanita miwah kakung
ingkang kagungan URIP.

Posting Komentar