© Copyright 2014 Duta Glory Community | Irwan Wicaksono | 085728802936 Psikologi Dan Bisnis - All Rights Reserved - http://www.dni.co.id

URIP Kang Sinembah II

Gumelaring jagad anyar saisine pisan
Anane mung : Ringgit purwa
Lampahanipun : Manasuka Manunggal
Dalangipun : Bocah saka gunung HERUCOKRO SEMONO
iku kang mandegani pagelaran aneng jagad agung ngalam donya
Waranggane : Rasa Sejati
Gamelane dudu gamelan perunggu
Gamelan : Lokananta
swaranya gemludug
Kang dewe dewe munya munining URIP
RInggit purwanipun waca
Elinga purwaning dumadi
Purwaning dumadi manungsa


Tan liya saka dening ROH suci
Kang sinabda tumurun
Gumelar aneng ngalam donya
Kang sarwo tuwuh manuwuh
Dedalane Manunggal
Kinantenan sarwo MIJIL
Nora gampang lungguh aneng jagad anyar
Ora bisa den lakoni batin, agama lan ngelmu
Tangeh lamun jenengsira bisa tumeka
Lamun jenengsira tan mangerti mring KUNCINIPUN
iku kuncining gesan
MAHASUCI sesebutan INGSUN
iku tumrap sakabehing manungsa URIP
Kang tumitah aneng ngalam donya
Toging angga marsudia badan pribadi
sesolah bawane pribadi, panuntunipun raga kasar
Katone wujud, kang anggendong mondong yekti URIP
Yekti nyata nyatane nyata
Jenengsira turu binantalan URIP
kinemulan URIP, kinasuran URIP
samobahing ragane saka krentege kalbu
apa kang jenengsira sedya kudu pada
Jenengsira tumekeng wujud
datan ana bedane krenteg kang mahanani
Yekti pada ana.

Posting Komentar