© Copyright 2014 Duta Glory Community | Irwan Wicaksono | 085728802936 Psikologi Dan Bisnis - All Rights Reserved - http://www.dni.co.id

URIP Kang Sinembah I

Sapa kang manggula wentah ragane manungsa
iya URIP
Kang ngobahake ragane manungsa iya URIP
kang muna iya URIP
kang krasa-rumangsa-ngrasakake iya URIP
Mula URIP kang pinilih sekalir
Kang sinembah URIP
URIP kang sinembah sakabehing URIP (sedarum)
Aarga URIP kang kagungan
Kang amengkoni sakabehing kahanan


Kahanane wujud
wewujudan kang gumelar aneng ngalam donya
Iku kabeh den wengkoni URIP
URIP kang kagungan purbawasesa
Kang nguwasani kabeh kahanan
Mula URIP kang gawe gelar gulung
Ana saka dene URIP
Datan ana, saka dening URIP
URIP iku yekti, URIP kang mahanani
Sakabehing kahanan
Mula sesembahan nyata
Iya mung URIP
Bukti luhur luhuring URIP
kang sarwo tuwuh manuwuh
kang sarwo semi manyemi
Iku yektine URIP

Posting Komentar