Sumber dari tape
rekaman pada bulan Agustus, 1962 di Jakarta.
Yekti kono bisa ambengkas karyane kabeh
Mulo jenengsira ojo
was sumelang. Sanandyan ono rubedo kang kadyo paran, jenengsiro ojo melu cawe-cawe. Amung jenengsiro manut.
Amargo panalangsane poro putro, sanadyan panalangsane poncodriyo, amung gawe
kanyuting sampurno sejati-sejatining sampurno.
Iku ora ono ing
poncodriyo. ONO ING ROSO JATI ! roso jati iku RASANING URIP SEJATI ! mulo
jenengsiro ojo was sumelang yen jenengsiro nandang nalongso. Panalangsane poncodriyo.
Amarga ing kono banjur nalongso amargo kekurangan, amargo
nandang loro lan liya-liyane. Iki mung tumraping poncodriyo. Mulo angen-angen bloko!.
Mulo jenengsiro ojo podo was sumelang. Amargo ananing
Panjenenganingsun ing tembe arso MIJIL
KANG SEJATI. Amargo bakal angesti kang tumindak angkoro murko!. Tumeko ing
jenengsiro kudu wani nalongso,
nalangsane poncodriyo, teges nalangsane angen-angen.
Nalangsane angen-angen ing kono nuwuhake renaning roso jati.
Yoiku URIP SEJATI-SEJATINING URIP.
TENTREM!
Mulo jenengsiro arso ingsun andari murih jenengsiro biso
antep ing roso jati. Ora ono loro telu sak jagad-indenging royo kajobo amung siji kang kagungan purbo-wasesaning
kabeh, kang amengkoni saklumahing bumi kureping langit, kajobo yo mung urip
kang kagungan purbo-waseso.
mulo jenengsiro OJO
BANJUR KLIRUPANEMBAHAN KANG BENER. Bener-benering bener amung URIP, ORA ONO LIYO!. Mulo jenengsiro
rino klawan wengi amung amemundi URIP.
Mulo jenengsiro sun dawuhi ; ARSO NGASO NENDRO, KUNCI ! KUNCI yekti kang kagungan purbo-waseso,
amargo MOHO SUCI. Moho suci iku
SEJATINING URIP, URIP KANG ALANGGENG. Mulo sampurno jati-jatining sampurno iku
KUDU MIJIL. Mijil iku teges ; MIJI AMIJENI. Yo mung SIJI-SIJINING-SIJI amung SIJI.
Iku URIPSEJATI-SEJATINING URIP. URIP KANG LANGGENG! Mulo ing kono jenengsiro MANUNGGAL!
Teges jenengsiro isih kagungan ROGO JATI. Mulo jenegsiro ing kono ; URIP
MANUNGGAL ING ROGO-ROGO MANUNGGAL ING URIP.
Mulo kinaryo laku, lakune jenengsiro ; PANGOLAH PANGRENGGO. Pangolah pangrenggane jenengsiro ingsun dawuhi
; YEN ARSO TUMIDAK, MIJIL! Mijile jeneng
siro teges ; jengsiro ing kono AMEMITONO rino klawan wengi, kanjeng Ramaniro
kang arso MIJIL, kang bakal angentasi
kahanan kang peteng. Petenging kahanan amargo soko tumindak angkoro murko.
Ing kono bakal anggawe rusak, rusake rasa jati, amargo ANGKARA MURKANE. Angkoro murko sirno layu. Sirnane angkoro
murko, yen tumindake manungso amung TURU!. Ananing JATI yoiku SIRNO LAYU. Mulo
ono ing kono tembung ‘ SIRNO’ loro ;
SIRNO MATI lan SIRNO JATI.
SIRNO MATI ;
ateges amung SIRNANING PONCODRIYO
SIRNO JATI ; yo RAGANE SING LEBUR ALULUH
Ing kono ELING DEN
ELING. Mulo anane manugso kagungan kasampurnan, tegese BISO MIJIL ! yen lamun biso mijilake, iku KASAMPURNAN JATI-JATINING
SAMPURNO ! amargo mengkene ; JENENGSIRO
INGSUN LAIRAKE, mulo ; JENENGSIRO
UGO NGLAIRAKE INGSUN.
ELINGO ! URIP iku
amung SIJI. Liput-linimputan. Gulet-ginuletan.
Mulo lamun jenengsiro datan biso mijil,
yekti ingkono jenengsiro datan biso mijilake!
Mulo sejatinig SUCI
iku SUCINING-ASUCI, yo mung URIP!.
Mulo jenengsiro OJO NGANTI
NGLIRWAKAKE kang ingsun dawuhake tumrap marang jenengsiro. ELINGO!. Manungso ingkono DATAN ELING YEN MANUNGSO IKU ASALE SOKO
DENING ROH SUCI. Ingkono banjur tumindak SAKWENANG-WENANG nindaake kamurkane.
Daksiyo marang sak
podo-podo. Ingkono banjur MBEDAK-BEDAKAKE.
Iku mung laku. LAKUNE ANGEN-ANGEN, kang
tumuwuh ing BUDI PEKERTI. Budi pekerti kang tumuwuh ono ing PONCODRIYO. Poncodriyo, sikepe wae ONO ING PANGGONAN MOSAK
MASIK. Mula banjur mbedak-bedakake. Kinaryo
agawe RUSAKE KATENTREMAN JATI, yo SAMPURNO JATI. Mulo tumraping kasampurna jati-jatining sampurno, OJO
KERUT TUMRAMPING PONCODRIYO.
Sanadyan meneng,
menenging rogo, ananging gelaring roso amempaki, kang ngideri jagade
manungso. Sanadyan OBAH RAGANE
MONTANG-MANTING, TETEP OBAH RASANING URIP!
MULO JENENGSIRO OJO
WAS SUMELANG. Yekti ora sasar anggoniromijil sowan ono ngarsane Panjenenganingsun, yo KANJENG ROMO GUSTI PRABU
HERUCOKRO, ingkang nyoto ing tembe bakal mijil, ora antoro suwe!.
Mulo jnengsiro OJOWAS SUMELANG! Amargo lamunpanjenenganingsun durung mijil kang
sejati, sopo kang mijilake pamjenenganingsun? Mulo pananlangsane jenengsiro, panjerite jenengsiro, ingsung kang kang
bakal banjur mijil, kang mbengkas karyane kabeh kang tumindak angkoro murko
LEBUR LULUH TANPO DADI ! mulo manungso kang murang toto, INGSUNG SIPATI GARUDOCOKRO, LEBUR TANPO
DADI!
Opo kang diarani GARUDOCOKRO?
KANG KAGUNGAN PURBO-WASESO JATI. Yo URIP
SEJATI-SEJATINING URIP- SEJATI kang kagungan.
Mulo ojo was sumelang. Sanadyan jenengsiro den idak-idak,
den gebugi, MENENGO! Amung SAMBATO ROSO. Ojo sambat angen-angen. Sambato
roso, jenengsiro amung NYUT. Nyut ing roso, yekti
panjenenganingsun dumrojog tanpo larapan soko SUNYORURI yo ROSO SEJATI SEJATINEROSO kang ono ing ‘KENE’! mulo jenengsiro ojo was sumelang!
Posting Komentar